Menyang kontèn

Wikipédia:Pendhapa

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Sugeng rawuh ing Wikipédia Jawa
bauwarna mardika abasa Jawa kang diyasa sarana gugur-gunung
kang saiki ngemu 75.562 artikel
Koala
Koala

Koala punika satunggaling marsupial hèrbivor ingkang aslinipun saking Ostrali. Koala punika tunggal-tunggalipun wakil saking kulawargi Phascolarctidae. Koala punika gadhah nama latin Phasclarctas Cinereus. Koala jaler saha koala wadon punika gadhah ciri fisik ingkang bènten. Manawi koala jaler punika ukuran badanipun langkung ageng tinimbang koala wadon. Miliginipun Koala ingkang gesang wonten ing pérangan Ostrali Kidul punika ukuranipun langkung ageng kirang langkung 30% tinimbang koala ingkang gesang wonten ing Ostrali lèr. Koala punika kados bruwang alit ingkang manggén wonten ing wit-witan. Koala kalebet kéwan hèrbivor. Kéwan koala punika awratipun kirang langkung 9 kg. Ulesipun kandel, limrahipun awerni ngawu layan saha wonten warni coklat sakedhik-sakedhik.

Koala punika boten kalebet bruwang sanajan wujudipun kados bruwang alit. Koala boten gadhah plasenta utawi boten kalebet salah satunggaling mamalia. Nanging koala kalebet kéwan marsupial ingkang nglairaken anak saha ngagengaken wonten ing kanthong. Saéngga boten leres manawi koala dipunwastani koala bruwang nanging cekap dipunwastani kanthi nama koala kémawon. (Waos candhakipun)

Image
Space Shuttle Enterprise iku montor mabut ulang-alik kapisan saka program Space Shuttle Amérika Sarékat, sing dibangun déning Rockwell International kanggo NASA lan diresmèkaké tanggal 17 September 1976. Sajatiné jenengé Constitution, banjur diganti jeneng sawisé kampanye déning para pangayom Star Trek, njupuk jeneng USS Enterprise fiktif, sing dijenengi miturut baita indhuk Perang Donya II USS Enterprise. Amarga ora nduwé mesin lan tamèng panas sing fungsional, Space Shuttle Enterprise ora bisa mabur ing antariksa. Montor mabur iki ngrampungaké wolung pamaburan awak ing taun 1977, sajroné limang pamaburan iku dilepas saka Boeing 747 sing dimodhifikasi lan ngluncur menyang dharatan. Rencana kanggo ndandani kanggo misi orbital dibatalaké, lan wiwit taun 2012 wis dipajang ing Museum Intrepid ing Kutha New York City. Foto taun 1976 iki nuduhaké pangripta Star Trek Gene Roddenberry (katelu saka tengen, nganggo klambi coklat peteng), anggota paraga Star Trek, lan administrator NASA nekani upacara pambabaran Enterprise ing pabrik Rockwell ing Palmdale, California.

Wikipédia iku bauwarna (encyclopedia) kang cumepak ing manéka basa (multilingual) tur olèh dibesut (edit), diturun (copy), lan dipandum (share) sapa baé kanthi mardika (free). Amarga cumepak ing manéka basa, mula ana Wikipédia basa Jawa iki kang kababar ing surya 8 Maret 2004. Saben wong olèh mbesut, nurun, lan mandum kaca ing Wikipédia iki. Tegesé, kowé bisa mèlu ngripta utawa nggawé artikel anyar, ndandani artikel kang durung becik, mulihaké artikel kang dirusak, lan sapanunggalané. Wong-wong kang tumandang mangkono aran naraguna (user). Kowé bisa nyawiji karo para naraguna liya ing paguyuban saperlu nuwuhaké, ngrembakakaké, lan ngregengaké Wikipédia iki. Wikipédia iki minangka salah siji barang wetoning Wikimedia Foundation, siji pakumpulan nirlaba, kang kanggo sapa baé tur lelahanan (gratis). Kowé ora perlu mbayar saperlu nggawé akun lan maca artikel ing Wikipédia iki. Sapréné, wis ana 74.076 akun lan 75.562 artikel ing Wikipédia basa Jawa. Ayo ngéwangi mbecikaké Wikipédia Jawa iki!