Driya pangambu
| Smell | |
|---|---|
Sunggingan wanita ngrasakaké ambuning kembang anyelir. Driya pangambu nggunakaké kemoreseptor sing ngasilaké sinyal ing wutek sing mangun ambu sawijiné barang. | |
| Rincian | |
| System | Tata olfaktori |
| Function | Ngrasakaké dat kimiya ing kupengan sing banjur diguna kanggo mangun ambu |
| Pengenal | |
| MeSH | D012903 |
| Terminologi anatomi | |
Driya pangambu, utawa olfaktori,[2] yaiku driya mirunggan sing diguna kanggo ngrasakaké ambu.[3] Driya pangambu ndarbé akeh piguna. Kayata manuhi panganan, nemokaké bebaya, lan manuhi ambu ingin hawa. Driya pangambu uga duwé guna wigati nalika ngrasakaké panganan.
Ing manungsa, ambu sawijiné barang bisa dirasa nalika ambu iki kena reseptor sajeroné growongan irung, sing banjur ngirim sinyal liwat tata olfaktori.[4] Glomerulus nglumpukaké sinyal saka reseptor iki lan dikirim tumuju bulbus olfaktorius. Ing kéné lebonan driya bakal miwiti interaksi karo bagean utek sing duwé tanggung jawab kanggo manuhi ambu, pangelingan, lan emosi.[5]
Ana akeh perkara sing bisa ngganggu driya pangambu normal, tuladhané rusaking irung utawa reseptor pangambu, anosmia, irung mampet, infeksi saluran ambegan ndhuwur, cedera utek traumatis, lan lelara neurodegeneratif.[6] [7]
- ↑ Harper, Douglas. "olfaction". Online Etymology Dictionary.
- ↑ Coined from Masalah skrip: Fungsi "langx" ora ana., past participle of olfactere, "to smell", itself from olere "to emit a smell" and facere "to make".[1]
- ↑ Wolfe, J; Kluender, K; Levi, D (2012). Sensation & perception (édhisi ka-3rd). Sinauer Associates. kc. 7. ISBN 978-0-87893-572-7.
- ↑ de March, CA; Ryu, SE; Sicard, G; Moon, C; Golebiowski, J (2015). "Structure–odour relationships reviewed in the postgenomic era". Flavour and Fragrance Journal. 30 (5): 342–361. doi:10.1002/ffj.3249.
- ↑ Schacter, D; Gilbert, D; Wegner, D (2011). "Sensation and Perception". Psychology. Worth Publishers. kc. 166–171. ISBN 978-1-4292-3719-2.
- ↑ Xydakis, MS; Mulligan, LP; Smith, AB; Olsen, CH; Lyon, DM; Belluscio, L (2015). "Olfactory impairment & traumatic brain injury in blast-injured combat troops". Neurology. 84 (15): 1559–67. doi:10.1212/WNL.0000000000001475. PMC 4408285. PMID 25788559.
- ↑ Xydakis, Michael S; Belluscio, Leonardo (June 2017). "Detection of neurodegenerative disease using olfaction". The Lancet Neurology. 16 (6): 415–416. doi:10.1016/S1474-4422(17)30125-4. PMID 28504103.