Arjuna
| Arjuna | ||
|---|---|---|
Arjuna. | ||
| Jeneng miturut basa | ||
| Basa Sanksekerta | Arjuna | |
| Jeneng miturut aksara | ||
| Dewanagari | ||
| aksara Bali | ||
| aksara Jawa | ꧋ꦄꦂꦗꦸꦤ꧉ | |
| aksara Kawi | 𑼄𑼂𑼙𑽂𑼙𑼸𑼥𑽁[butuh sitiran] | |
| Pandhawa |
| Yudhistira |
| Bima |
| Arjuna |
| Nakula |
| Sadewa |
Arjuna (Sangskreta Arjuna) iku paraga sajeroning wiracarita Mahabharata. Miturut carita padhalangan, Arjuna iku putra Prabu Pandhudéwanata, ratu Astina, klawan Dèwi Kunthi kang angka telu. Mula saka iku, Arjuna banjur sinebut satriya "Panengah Pandhawa". Sedhuluré nunggal rama lan ibu ana loro, yaiku Puntadéwa (Yudhistira) lan Werkudara (Bima). Déné, sadulur nunggal rama séjé ibu ana loro, yaiku Nakula (Pinten) lan Sadewa (Tangsen). Kabèh putrané Pandhu iku karan Pandhawa, saka linggané tembung Pandhu lan Hawa kang tegesé anak. Dadi cethané tembung Pandhawa iku tegesé anak Pandhu. Déné yèn miturut layang Mahabharata, Arjuna iku saluguné putrané Bathara Indra kang miyos saka Dèwi Kunthi srana Dèwi Kunthi mateg aji panggendhaming déwa aran Adityahredaya (miturut Mahabharata) utawa Aji Kunta Wekasing Rasa Cipta Tunggal Tanpa Lawan (miturut pedhalangan) paringané Resi Druwasa. Mula Arjuna uga sesilih Indratanaya kang tegesé putrané Bathara Indra. Kasatriyané Arjuna ana ing Madukara, patihé asma Raden Surata.
Dasanamané Arjuna,
[besut | besut sumber]- Janaka
- Kiritin/Walikithi
- Parta
- Pritaputra
- Permadi/Pamade
- Dananjaya
- Kumbalyali (ing padhalangan asring karan Kumbang Ali-Ali)
- Ciptaning Mintaraga (ing lakon Begawan Ciptaning)
- Pandusiwi/Pandhuputra
- Indratanaya
- Jahnawi
- Palguna
- Danasmara
- Margana
- Gudhakesa
- Wibatsuh
- Kandhi Wrahatnala (nalika nylamur laku dadi banci)
Lair lan jaman enom
[besut | besut sumber]Raden Arjuna nalika timur kekasih Raden Permadi. Manut crita padhalangan Jawa, Raden Permadi iku putrane Dewi Kunthi lan Prabu Pandhu ratu ing Ngastina. Nanging yen manut layang Mahabharata, Permadi (Arjuna) putrane Dewi Kunthi lan Bathara Indra.
Yen dipikir, crita wayang iku mbingungake. Nanging kabeh mau kanggo njumbuhake karo budayane wong Jawa. Mula bab-bab sing ora salaras karo kapribadene wong Jawa, kayata wong wadon duwe bojo luwih saka siji (poliandri), diilangi utawa dibusak. Awit kang mangkono mau bakal ngasorake drajading wanita. Sapa sing gelem wanita dijuluki sundel utawa ana sing luwih kasar maneh. Yen jaman saiki diarani PSK. Ya iki pintere para Wali kang nggunakake wayang minangka piranti dakwah agama Islam nalika samana.
Paraga iki kerep metu ing pagelaran wayang purwa. Ing lakon Bale Sigala-gala, Permadi didhawuhi Dewi Kunthi nggolekake pangan kanggo Pinten (Nakula) lan Tangsen (Sadewa) kang nedheng kaluwen ing tengahing alas. Permadi ketemu wong wadon ayu bojone Demang Sagotra kang pinuju njupuk banyu ing sendhang nganggo klenthing. Wong wadon mau dijawil pundhake saka mburi, niyate arep takon. Wong wadon iku malah mlayu keweden, dikira Permadi arep tumindak kurangajar. Tekan omah, ngekep bojone karo wadul yen ana wong lanang sing nedya kurangajar marang dheweke. Kalodhangan iku digunakake Sagotra kanggo necep maduning asmara sing sasuwene rabi durung kasil mrawani bojone, awit durung atut rumahtanggane. Sawise iku, Sagotra nemoni Permadi. Ora nesu, nanging malah matur nuwun banget dene pakartine Permadi bisa dadi jalaran atute karo bojone. Minangka piwalese budi, Permadi dicaosi dhaharan kang mirasa lan unjukan dening Sagotra.
Ing lakon Babad Alas Mrentani, Arjuna nggarwa Dewi Jimambang (Jemambang), putrane Begawan Wilwuk (Wilawuk). Supaya bisa ngluwari kadange kang ditawan para jim kang nguwasani alas Mrentani, Permadi diparingi Lenga Jayengkaton dening Begawan Wilwuk, kang dayane bisa nyumurupi bangsane jim setan, makhluk kang ora kasat ing netra.
Ing lakon Suryatmaja Maling, Permadi didakwa nggebang Dewi Surtikanthi dening Prabu Salya, awit Prabu Salya nate mergoki yen priya sing sapetemon karo Dewi Surtikanthi, wujude memper Permadi. Mula yen dudu Permadi banjur sapa? Yen dudu wong kendel lan digdaya, sengara wani manjing taman Mandaraka.
Kanggo ngresiki jenenge, Permadi saguh nyekel maling aguna sing wujude memper dheweke. Klakon manggihake satriya sing manjing taman, sing ora liya Suryatmaja. Pancen sakeplasan wujude pindha jambe sinigar. Sigra dumadi perang tandhing. Suryatmaja kalah prigel nggunakake keris, satemah kasorog pilingane tengen. Suryatmaja ambruk. Sigra kacandhak nedya ditigas janggane. Dumadakan saka dirgantara cumlorot Bathara Narada paring katrangan yen Suryatmaja iku kadange tuwa Permadi. Tunggal ibu seje rama. Permadi kadhawuhan nyengkuyung dhaupe Suryatmaja lan Dewi Surtikanthi. Wusana awit pambiyantune Permadi, Suryatmaja bisa nggarwa Dewi Surtikanthi.
Wateké Arjuna
[besut | besut sumber]Wayang saged dados sarana nggambaraken watak lan karakter manungsa. Ing cariyos Mahabharata, wonten tokoh wayang ingkang gadhah sipat ingkang ala lan becik. Ingkang becik inggih punika golongan Pandhawa, lan ingkang ala inggih punika golongan Kurawa. Tokoh Pandhawa punika Yudhistira, Bima, Arjuna, Nakula lan Sahadéwa. Nanging Pandhawa ugi gadhah sipat ingkang kir ang becik, kados ta Arjuna.
Arjuna punika putranipun Prabu Pandhu kaliyan Dewi Kunthi, lairipun Arjuna punika kanthi mantra Adityahreda. Lajeng Arjuna lan sederekipun merguru kaliyan Drona. Kasilipun merguru kaliyan Drona punika Arjuna dados satriya ingkang pinter manah lan gadhah sipat ingkang tansah asih, remen tetulung, mancalaputra mancala putri sekti tanpa aji-aji, nglurug tanpa bala.
Arjuna ugi nggadehi sipat satriya lan nepati janji, mula Arjuna naté ngukum diri ngantos 10 taun wonten ing alas. awit saking sipat satriyanipun Arjuna dipunsebat Lelananging Jagad. Nanging, piyambakipun ugi gadhah sipat ingkang boten becik. Upaminipun inggih punika nalika Arjuna iri kaliyan Ekalaya ingkang langkung pinter anggènipun manah. Arjuna ugi asring ngagungaken dhiri.
Lelanang ing Jagad
[besut | besut sumber]Garwané Arjuna pirang-pirang, kabèh putri éndahing warna (ayu-ayu). Ana anak ratu, anak pandhita, anak déwa, anak taksaka (ula), lan sapituruté. Putrané uga pirang-pirang turta bagus-bagus, umpamané:
- Dèwi Sumbadra, peputra Abimanyu
- Dèwi Larasati/Rarasati, peputra Sumitra lan Brantalaras.
- Dèwi Srikandhi.
- Dèwi Ulupi/Palupi, peputra Irawan
- Dèwi Jimambang, anaké Begawan Wilwuk.\/Wilawuk ing pertapan Pringcendhani peputra Kumaladéwa lan Kumalasekti.
- Dèwi Manuhara, anaké Begawan Sidanggana ing Andhongsekhar peputra Pregiwa lan Pregiwati
- Dèwi Dresanala,putrané Bathara Brama, peputra Wisanggeni.
- Dèwi Wilutama, peputra Bambang Wilugangga.
- Bathari Supraba, putriné Bathara Indra, peputra Bambang Prabakusuma.
- Dèwi Ratri (atmajané Prabu Yudhistira ing nagara Mertani), peputra Bambang Wijanarka.
Ana salah sijining wanita kang ditresnani Arjuna nanging malah dadi garwané wayang liya, yaiku Banowati. Nanging sawisé rampung Bharatayudha, Banowati bisa dadi siji karo Arjuna, ora kétung mung sewengi.
Satemené bojo (garwa) lan anak akèh iku minangka gegambaran yèn Arjuna dhemen gawé lelabuhan becik (kang dipralambangaké kadidéné putri sulistya). Mula undhuh-undhuhané uga kabecikan kang akèh (dipralambangaké anaké pirang-pirang bagus-bagus lan ayu-ayu). Yèn kang ditindakaké iku pakarti ala, asilé mesthi uga ala.
Arjuna wis naté bangunaké tapa lan madeg pendhita ing Gua Mintaraga kang dumunung ing puncaké gunung Indrakila, kanthi peparab Begawan Ciptaning iya Mintaraga. Arjuna uga tau dadi ratu ing kahyangan Tinjomaya (ngratoni para widodara-widodari) suwéné 7 dina, kanthi jejaluk Prabu Karitin/Kariti iya Wilikithi. Anggoné jumeneng nata ing Tenjomaya amarga Arjuna wis gawé lelabuhan becik marang para déwa kanthi nyirnakaké kraman kang ngrabasa ing kahyangan yaiku Prabu Niwatakawaca, ratu buta saka nagara Manik Ima-Imantaka.peputra
Aji-aji
[besut | besut sumber]Arjuna iku ndarbèni enem aji-aji, yaiku:
- Palimunan/panglimunan = bisa ngilang.
- Tunggengmaya = bisa gawé banyu.
- Sepiangin = bisa lumaku tanpa napak lemah banteré pindha angin.
- Mlayabumi = bisa ngalahaké mungsuh.
- Pengasihan/sempaliputri = disenengi wong akèh.
- Asmaragama/kamasutra = ngèlmu saresmi.
Gaman
[besut | besut sumber]- Pecut Kyai Pamuk
- Panah Pasopati
- Panah Harya Sangkali
- Panah Ardhadehali/Hrudhadhedali
- Ali-ali Mustika Ampal
- Trompet Dewadata
- Keris Pulanggeni
- Brahmasira/Agniyastra
- Panah Merdaging
- Panah Mercujiwa
- Sarotama
- Keris Kyai Kalanadhah
- Busur Kyai Gendhewa
Pungkasan Carita
[besut | besut sumber]Ing Bharatayudha, Arjuna perang tandhing mungsuh Adipati Karna. Abot rasané ati, amarga dhèwèké adu arep karo sadulur tuwa nunggal ibu séjé bapa. Nanging rasa mangu-mangu iki bisa diilangaké déning Prabu Bathara Kresna. Arjuna banjur maju ing palagan tandhing lawan seduluré kang diajeni. Wusanané Adipati Karna palastra ana sajeroning paprangan. Ing perang bharatayuda uga, Arjuna kèlangan kabèh putra-putrané. Nanging putuné, Parikesit, dadi raja ing Astina. Sawisé perang, Arjuna pindhah dadi raja ing Bawanakeling, kang mauné dadi kratoné Jayadrata. Ing bubaran perang uga, kabèh bojoné dipatèni Aswatama. Uripé Arjuna rampung bareng karo Pandhawa liyané munggah menyang kahyangan laku liwat Himalaya.
Wandané wayang
[besut | besut sumber]Wandané wayang Arjuna ana lima, yaiku wanda Jimat (anggitané Panembahan Senopati lan Sultan Agung Hanyakrakusuma),wanda Kanyut, wanda Kinanthi, lan wanda Malat. Yèn wayang Arjuna gagrak Yogyakarta wandané ana telu, yaiku wanda Janggleng (rai lan awak kuning/prada) kanggo adegan paseban, sedhih; wanda Yudhasmara (sunggingan rai lan awak kuning, kanggo adegan roman (percintaan); lan wanda Kinanthi (sunggingan rai ireng awak kuning kanggo adegan sawisé metu saka kedhaton utawa kanggo perang).
Deleng uga
[besut | besut sumber]Pranala njaba
[besut | besut sumber]- Arjuna ing Bausastra Javanese Dictionary Archived 2011-02-13 at the Wayback Machine. (bausastra.com)
| Wiracarita Mahabharata déning Krishna Dwaipayana Wyasa | |
|---|---|
| Para paraga | |
| Dinasti Kuru | Paraga liya |
| Santanu | Gangga | Bisma | Satyawati | Citrānggada | Wicitrawirya | Ambika | Ambalika | Widura | Dretarastra | Gandari | Sangkuni | Subadra | Pandu | Kunti | Madri | Yudistira | Bima | Arjuna | Nakula | Sahadewa | Duryodana | Dursasana | Yuyutsu | Dursala | Drupadi | Hidimbi | Gatotkaca | Ahilawati | Utara | Ulupi | Citrānggadā | Amba | Barbarika | Babruwahana | Irawan | Abimanyu | Parikesit | Wiratha | Kicaka | Krepa | Drona | Aswatama | Ekalawya | Kertawarma | Jarasanda | Satyaki | Mayasura | Durwasa | Sanjaya | Janamejaya | Resi Byasa | Karna | Jayadrata | Kresna | Baladewa | Drupada | Hidimba | Drestadyumna | Burisrawa | Salya | Adirata | Srikandi | Radha |
| Topik kagandhèng | |
| Pandawa | Korawa | Hastinapura | Indraprastha | Krajan ing Mahabharata | Perang ing Kurukshetra | Bhagawad Gita | Krajan Kuru | Silsilah Pandawa lan Korawa | |