Pulo Solor
Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak. |
Pulo Solor inggih punika salah satunggaling pulo ing Indonèsia ingkang dumunung ing Kapuloan Nusa Tenggara, ing sisih wétan Pulo Flores. Pulo Solor dipunwatesi kaliyan Selat Lowotobi ing sisih kulon, Selat Solor ing sisih lor, Selat Lamakera ing sisih wétan, sarta Laut Sawu ing sisih kidul. Pulo Solor kalebet salah satunggaling saking kalih pulo ingkang paling wigati sak sanèsipun Pulo Adonara ingkang mapan ing wewengkon Kabupatèn Flores Timur.
Wonten ing cathetan administratipipun, Pulo Solor kalebet wewengkon Kabupatèn Flores Timur, Provinsi Nusa Tenggara Timur, Indonèsia. Pulo Solor kalebet salah satunggaling pulo ageng ing kapuloan wewengkon Kabupatèn Flores Timur. Pulo Solor piyambak kapérang dados kalih kacamatan, inggih punika Solor Barat lan Solor Timur. Wiwit taun 2006 Flores Timur gadhah gangsal kacamatan.
Pulo Solor mapan wonten ing titik koordinat 8°31'2"S 123°1'8"E. Kitha-kitha ingkang caket kaliyan Pulo Solor ing antawisipun inggih wonten Larantuka, Ende, saha Kupang.
Géografi
[besut | besut sumber]Pulo Solor inggih kalebet pulo gunung geni ingkang mapan wonten ing sisih wétan ipun saking Pulo Flores ingkang mapan wonten ing lempeng pulo Sunda Indonésia, mliginipun ing lempeng Solor. Ing Pulo Solor namung wonten sakedhik warganipun. Basa ingkang dipun-ginakaken déning para warga masarakat Pulo SOlor inggih wonten kalih, nun inggih basa Adonara saha Lamaholot.[1] Ing Pulo Solor wonten kirang langkung gangsal gunung merapi kanthi ukuran namung 40 km (25 mil) kanthi 6 km (3,7 mil). Déné ambanipun Pulo Solor kirang langkung 222 km2.
Masyarakat
[besut | besut sumber]Penduduk pribumi Solor yaiku suku Lamaholot sing nganggo basa Lamalohot lan Adonara. Ana uga penduduk pendatang saka Jawa sing migrasi kira-kira 600 taun kepungkur. Bab iki adhedhasar crita lisan sing isih Lestari ing Désa Dani Wato, Kecamatan Solor Kulon. Sawetara warga désa iki duwé marga “Djawan” sing dipercaya asalé saka Jawa. Leluhuré jenengé Aru Palebang sing teka ing Solor bebarengan karo rombongané nganggo prau amarga kampung halimané ing Jawa katempuh bencana lindhu lan banjir gedhé. Sawisé tekan ing Solor, para migran iki ngadu jago karo penduduk lokal. Aru Palebang ndadèkaké adhik wadoné minangka taruhan, déné lawané masang tanah minangka taruhan. Jagoné Aru Palebang menang amarga nganggo taji kuningan. Pungkasane, sanajan para migran iki dudu penduduk pribumi ing Solor, nanging turunané, yaiku para Djawan, dadi tuwan tanah ing Solor. Tekané para leluhur saka Jawa iki kamungkinan gedhé uga nggawa wiji-wijian, salah sijiné yaiku sorgum. Istilah wata solor (jagung solor) patut diduga duwé oyod saka kono. Bab iki saya dikuwataké déning anané salah siji jinis sorgum lokal Florès sing wiwitane dibudidayakaké ing Pulo Solor lan sakupengé.[2]
Sajarah
[besut | besut sumber]Ana ing taun 1555-1603, sawetara pastor Portugis saka Ordo Dominikan mbangun sawijining bètèng ing Pulo Solor.[3] Misi Katulik Portugis ing daratan Pulo Florès lan sakupengé diwiwiti saka bètèng kasebut. Bètèng kasebut diarani “Port Henricus XVII”, lan dadi pérangan saka ziarah religius “Semana Santa” ing Larantuka, Florès Wétan, Nusa Tenggara Wétan.
Persekutuan Solor Watan Lema utawa Negeri Lima Pantai minangka sawijining Persekutuan saka limang Karajan cilik sing dibangun déning Masyarakat muslim kanggo nglawan Kolonial Portugis ing Pulo Solor lant latah sakupengé. Karajan-karajan sing dadi anggota Persekutuan kasebut yaiku: [4]
- Karajan Lohayong ing Pulo Solor
- Karajan Lamakera ing Pulo Solor
- Karajan Lamahala ing Pulo Adonara
- Karajan Terong ing Pulo Adonara
- Karajan Labala ing Pulo Lembata
Pamrentahan
[besut | besut sumber]Pulo Solor kaperang dadi 3 kecamatan, yaiku:
- Solor Kulon
- Solor Kidul
- Solor Wétan
Papan Wisata
[besut | besut sumber]Ing pulo Solor wonten kathah papan wisata ingkang wujud tilaran sujarah kados ta bètèng tilaranipun Portugis ingkang mapan ing Lohayong, prau ingkang awujud watu "Teno wato" ingkang watu kasebat gadhah legenda kanggé nyuwun udan ingkang asalipun saking [[Pulo TImor, ugi dipunsajekaken kaendahaning pasisir pasir putih ing Pulo Solor punika.[5] Kajawi saking objek wisata alam, ing Pulo Solor punika ugi dipunsamektakaken wisata budaya kados ta pista adat "berauk" ingkang dipunadani minangka upacara sukur awit saking asiling panen ingkang dipunadani saben taun ing Désa Kalike Aimatan saha Désa Karawatung.
Cathetan suku
[besut | besut sumber]- ↑ Pulau Solor (dipunundhuh tanggal 11 Januari 2013)
- ↑ Arif, Ahmad (2025). Sorgum: Benih Leluhur untuk Masa Depan. Jakarta: Kepustakaan Populer Gramedia. kc. 28–29. ISBN 9786024813703.
- ↑ "Benteng Lohayong, Cikal Bakal Misi Portugis di Flores". travel.kompas.com. 2012-10-22. Dibukak ing 2026-09-19.
- ↑ "Persekutuan Solor Watan Lema". sultansinindonesieblog.wordpress.com. Dibukak ing 2026-09-19.
- ↑ Sejumlah Obyek Wisata di Solor Terabaikan (dipunundhuh tanggal 11 Januari 2013)