Wikipédia:Pendhapa

The Lord of the Rings: The War of the Rohirrim ya iku film fantasi animasi Amérika Sarékat babaran taun 2024 Sutradara Kenji Kamiyama saka skénario déning Phoebe Gittins lan Arty Papageorgiou, adhedhasar trilogi The Lord of the Rings déning J.R.R. Tolkien. Film diprodhuksi déning New Line Cinema karo Warner Bros. Animasi kanthi produksi animasi déning Sola Entertainment, The War of the Rohirrim minangka film kapitu ing séri iku sawisé trilogi live-action The Lord of the Rings lan The Hobbit, lan film animasi kapindho adhedhasar novel, sawisé The Lord of the Rings (1978). Film iki yaiku prékuel sing prastawané kadadéan 183 taun sadurungé prastawa sing digambaraké ing The Lord of the Rings: The Two Towers (2002). Film animasi iki dibintangi Brian Cox minangka Helm Hammerhand, Raja Rohan sing légendharis. Miranda Otto, mbalèni paragané minangka Éowyn saka trilogi film The Lord of the Rings.
Film iki wis diwara-warakaké ing sasi Juni 2021 lan olèhé ngambangaké iku agé supaya New Line ora kélangan kak ngadhaptasi film adhedhasar romané Tolkien.
Maca sabanjuré ...![]()
Rupiah iku mata uang resmi Indonesia. Dikenalake ing taun 1946 nalika Revolusi Nasional Indonesia, iki dimaksudake kanggo ngganti mata uang sing diterbitake Jepang lan saingan karo dhuwit sing diterbitake Walanda ing negara kasebut. Rupiah diterbitake dening Bank Indonesia, bank sentral negara kasebut, lan dhuwit kertas lan koin-koin kasebut nampilake pahlawan nasional, tarian tradisional, lan pemandangan alam. Uang kertas siji rupiah iki, minangka bagéan saka Koleksi Numismatik Nasional Amerika Serikat, asale saka edisi pertama rupiah. Sanajan tanggal 17 Oktober 1945, dhuwit kertas kasebut sejatine ora diterbitake nganti pungkasan taun 1946. Uang kertas kasebut nggambarake presiden Indonesia Sukarno ing sisih ngarep lan gunung geni sing ngebul ing sisih mburi. Olèhé ngethok miring. Kak cipta dhuwit: Républik Indhonésia; di-scan déning Andrew Shiva.
- Dinten mèngeti para arwah ing agami Katulik.
- 1949 - Indonesia lan Walandi napakastani asil prejanjèn Konferensi Meja Bundar ing Den Haag.
- 1963 - Presiden sepindhahan Vietnam Kidul Ngo Dinh Diem kaprejaya ing satunggiling kraman militer.
- 1964 - Raja Saud kasingkir déning kudeta kulawarga lan dipungentos déning sahèrèk tiri Raja Faisal.
- 1978 - 2 Astronot Sovyet ndharat mulus saksampunipun ngangkasa salami 140 dinten.
- 1981 - Antigua lan Barbuda mardika saking Britania Raya.