Wikipédia:Pendhapa

Kuburan kéwan ya kuwi kuburan kanggo kéwan. Senadyan pamumulé lan ngubur kéwan klangenan wis dipraktèkaké wiwit jaman kuna, kuburan sing kusus kanggo kéwan ora lumrah nganti pungkasan abad kaping-19. Akèh kabudayan manungsa ngubur jisiming kéwan. Contoné wong Mesir Kuna mumifikasi lan ngubur kucing, sing dianggep déwata; salah sijiné kuburan kéwan lawas dhéwé iku kuburan kéwan Berenice, sing mliginé dienggo ngubur kucing, lan ditemokaké nalika èkskavasi plabuhan Berenice Troglodytica ing taun 2011 lan dienggo antara abad kapisan lan kapindho Masèhi. Para arkéolog nemokaké menawa asu dikubur ing sandhingé manungsa ing Sibéria nganti sakiwa tengené 8.000 taun kapungkur. Kuburan asu Ashkelon, iku kuburan kéwan klangenan sing dikawruhi lan gedhé dhéwé. Kuburan iki ditemokaké ing Taman Nasional Ashkelon, Ashkelon, Israèl.
Maca sabanjuré ...![]()
Grojogan Skradinski Buk ing Taman Nasional Krka, Kroasia.
- 1529 - Prajanjian Saragosa dipuntapakasmani, mérang wilahan bumi wétan antawis Spanyol lan Portugal kanthi wates garis bujur 17° sisih wétan Kapuloan Maluku.
- 1578 - Karajan Sumedang Larang madeg ugi nengeri madegipun Sumedang.
- 1970 - Riyaya sepindhah Dinten Bumi Sadonya.
- 2005 - Perdhana Mentri Jepang Junichiro Koizumi nyuwun ngapunten sacara umum amargi tumindakipun Jepang dhumateng nagari-nagari Asia, kalebet Tiongkok, ing wekdal Perang Donya II.
- 2013 - Salebetipun tetandhingan bal-balan, Manchester United njawarani Liga Utama Inggris. (sumber)